Contoh Pidato Bahasa Jawa Mengeti Dinten Pendidikan Nasional

Assalamu'alaikum Waralimatullahi Wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. Ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saged kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggal kaping kalih caking wulan Mei tahun 20……

http://cryzzahwa87.blogspot.com/search/label/Contoh Pidato

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok bilih pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kilo ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abaci niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar durnateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan Ian ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh.

Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :

"Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi sabers-sabers wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek sebab repote sing ggolek ilmu repote marang penggawean iku."

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki mong¬go kulo Ian panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito semurap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipum terami Allah swt. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin. Akhirul kalaam.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Contoh Pidato Bahasa Jawa Mengeti Dinten Pendidikan Nasional"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!