KUMPULAN CONTOH PIDATO BAHASA JAWA

PIDATO BAHASA JAWA CALON KETUA OSIS

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Salam kasugengan, tuwin salam kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sumawa panjenengan sedaya Aamiin.
Panjenenganipun Drs. Suratman pangarsanipun pawiyatan SMP Negeri 1 Sayegan ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;
Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMP Negeri 1 Sayegan ingkang saestu pantes sunuba ing pakurmatan;

Miwah kanca-kanca siswa kelas 7, 8, sarta 9 SMP Negeri 1 Sayegan ingkang kula tresnani.
Matur nuwun awit paringipun wekdal dhateng kula, saperlu badhe ngaturaken visi lan misi minangka salah satunggal calon ketua osis ing SMP Negeri 1 Sayegan menika. Ananging sakderengipun Langkung rumiyen mangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kula panjengan sami, saengga wonten wekdal einjing menika kita saged makempal lan manunggal wonten papan punika kanthi wilujeng.
Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita wantu-wantu syafaatipun isa mangkih wonten ing yaumul kiyamah, allohuma amin.

KUMPULAN CONTOH PIDATO BAHASA JAWA

Bapak-Ibu engkang kinurmatan saha kanca-kanca ingkang kula tresnani, Organisasi Intra Sekolah utawi kasingkat OSIS menika dados satunggaling organisasi sekolah ingkang sanget wigati tumrap kemajengan sekolah, mila saking menika sampun saprayoginipun kita nunjuk ketua osis ingkang saget mbekto perubahan-perubahan wonten arah ingkang langkung sae.

Para rawuh ingkang kula kurmati, Awit saking dukungan panjenengan sedaya, wonten ing pidato bahasa jawa calon ketua osis menika kula aturaken satunggaling visi saha misi menawi samangkih panjenengan sami paring amanah kula konjuk dados kuta osis wonten periode tahun 2015-2016 menika.

Sepisan, visi ingkang badhe kula gayuh menawi dados ketua osis nggih menika ndadosaken “OSIS SMP Negeri 1 Sayegan ingkang langkung majeng nderek perkembangan jaman kanthi mboten ninggalaken kabudayan”.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya, ewondene visi kasebat saget sami-sami kita awiti kanthi nguri-uri tradisi jawi, mucalaken unggah ungguh utawi sopan santun wonten sedaya anggota sekolah menika kawiwitan saking pribadi kita piyambak-piyambak. Kanthi misi ingkang saged kita tumindakaken menika Insyaalloh visi ingkang sampun kula aturaken ing nginggil wae saged sami-sami kita gayuh.

Mekaten sekedik atur kula wonten pidato bahasa jawa calon ketua osis menika, kathah atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun pangapunten.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


PIDATO BAHASA JAWA PEMBERANGKATAN JENAZAH

Para sesepuh, pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten,
Para alim ulama’ah almaghfirroh KH. Fuziruddin
Para tamu takziah ingkang dahat kinurmatan.

Raos puji syukur wonten ngaersa Alloh SWT sumanggaa tansah kita aturaken awit saking rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun satemah kula panjenengan sedaya saget nderek takziah awit sampun murut kasidan jati almarhum Bapak Cipto Wiyono.

Selajengipun, kula awit naminipun Bapak Marsudi sagotrah ngaturaken sugeng rawuh kairing atur panuwun awit saking rawuh panjenengan saperlu takziah awit sedanipun almarhum kasebat.

Kejawi saking menika, Bapak Marsudi saahli waris ngaturaken agenging panuwun awit paringipun sih kadarman ingkang arupi menapa kemawon, inggih banda prabeya, tenaga tuwin penggalihah minangka ngentengaken bot-repotipun para ahli waris anggenipun nampi cobining Pangeran amargi kapundhutipun almarhum Bpk. Cipto Wiyono. Saestu Bpk. Marsudi saha sedaya ahli waris boten saged caos piwales menapa-menapa kejawi namung tansah nyenyuwun wonten ngarsa dalem Alloh SWT mugi sedaya amal kesaenan panjenengan sedaya pikantuk lelintu nugraha ingkang matumpa-tumpa. Amin

Saklajengipun menawi adicara layon pamiting jenazah almarhum Bpk. Cipto Wiyono samangkih sampun paripurna kersaa para rawuh sedaya ndugekaken jenazah dumugi makam ing sebelah kilen kirang lakung limangatus meter saking griya duhkita. Ewo semanten mbok menawi para takziah anggadahi acara utawi pandamelan sanes, mboten langkung kula makili sedaya ahli waris ngaturakean sugeng kundur mugi rahayu dumugi griya piyambak-piyambak.

Mekaten ingkang kula aturaken, kirang langkungipun nyuwun katah pangapunten.
Wabilahitaufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


PIDATO BAHASA JAWA MENYAMBUT BULAN PUASA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirrabil alamin wasalatu wasalamu asrafil anbiya iwal mursalin wa’ala alihi wasahbihi azmain.

Bapak ibu ingkang kawula bektosi ugi kanca-kanca ingkang kawula gandrungi ugi banggaaken. sumanggaa kita sedaya tansah muji syukur awit saking limpahan rahmat ugi welas asih saking Allah SWT sahingga kita sedaya saged makempal wonten enjing ingkang cerah menika. Mboten kalimengan, shalawat mawi salam kita sedaya paringna dhateng Nabi Muhammad SAW.

Sinten ingkang taksih enget rukun Islam ingkang nomer  4 (sekawan)? leres pisan, rukun islam ingkang nomer 4 nggih menika nglampahi siyam.

Siyam dipuntumindakaken kaliyan nguwawi luwe saha hawa napsu saking fajar ngantos dumugi angsleping sringenge utawi surya. Kejawi kagem nguwawi luwe, ngelak, lan hawa napsu, siyam ugi anggadahi kathah manfangat tumrap kita sedaya.

pidato bahasa jawa menyambut bulan puasa Siyam ngrupikaken salah satunggal saking rukun islam sahingga kita sedaya umat muslim wajib nglampahi ibadah menika. Dawuh kesebat ugi dipunpertelakaken salebet Kitab Suci Al Quran ugi Sunnah. Nabi Muhammad SAW mertelakaken supados kita sedaya mirengaken ugi wajib ngreksa siyam kita sedaya supados iman kita langkung sampurna.

Menawi wonten satunggaling tiyang ngaku muslim ananging mboten ngakoni kewajiban siyam ramadhan mila panjenenganipun klebet priyantun ingkang kufur. Ugi menawi priyantun ingkang mboten siyam ramadhan tanpa sebab kang pas, maka panjenenganipun sampun numindakaken dosa ingkang ageng.
pidato-bahasa-jawa-menyambut-bulan-puasa
Para ngulama gadah panggalih ingkang benten-benthen tumrap siyam menika. Wonten ingkang manggalih menawi kagem ingkang sampun mbikak siyam ugi mboten nyiyam setunggal dinten kemawon teng wulan Ramadhan mila panjenenganipun wajib mengqadla siyamipun 12 dinten. Wonten ugi ingkang manggalih menawi priyantun kesebat wajib ngganti siyam menika salebetipun setunggal wulan.

Panggalih saking Al-Nakhai, Waqi' bin al-Jarrah ngendikakaken menawi wonten tiyang ingkang sebab-sebab tertemtu ninggalake siyam ramadhan maka panjenenganipun kedah gumantosipun kanti siyam 3000 dinten pidato bahasa jawa menyambut bulan puasa.

Sagung para rawuh ingkang kebak rahmating Allah,
Mila saking menika sumangga wonten wulan ramadhan ingkang badhe dateng menika kita sedaya sami-sami nyiapaken pribadi kita piyambak supados siyap lan kuat anggenipun nglampahi ibadah wajib siyam ramadhan.

Mbok bilih namung semanten atur saking kula, mugi saget ndadosna pramiksa. Katah kalepatan saha atur ingkang kirang nujuprara saestu nyuwun pangapunten.

Akhirul kalam Wabilahit taufiq wal hi-dayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "KUMPULAN CONTOH PIDATO BAHASA JAWA"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!