Contoh PIdato Bahasa Jawa Pengangkatan pangkat dalam Pekerjaan

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Ingkangkawulo hormati panjenenganipun Romo Kyai Maridi, S.Pd
Bapak Sahid sakaluwarga ingkang kawulo hormati
Bapak ibu poro rawuh ingkang kawulo hormati ugi

Sapindah kawulo ngaturakenraos syukur dateng Gusti Allah ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan dateng kita sedoyo utaminipun nikmat sehat, nikmat iman sehingga kita sedoyo saged makempal wontendalemipun Bapak Sahid sakaluwarga.

Lajeng sholawat soho salam kita aturaken dumateng junjungan Nabi Agung Muhammad saw ingkang dipun tenggo-tenggo kita sedoyo ing yaumil akhir. Mugi-mugi kita sedoyo kalebet umat ingkang pikantuk syafaat lan taqwa. Amin ya robbal’alamin.

Bapak, ibu poro rawuh ingkang kawulo hormati, wekdal ingkang ndalu punika kita dipun aturi rawuh wonten dalemipun Bapak Sahid puniko saweg ngawontenaken tasyakuran amargi Bapak Sahid nampi pinten-pinten kenikmatan saking Allah swt pikantuk kepercayaan lan dipun angkat derajatipun ingkang wau nipun dados guru sapunika dados kepala sekolah wonten ing MI Gombong.

Lengkapipun mangke Bp. Kyai Maridi ingkang badhe maringi fatwa-fatwanipun dateng kita sedaya wonten wekdal punika kulo nyuwun pangestu badhe ngaturaken sekedik ukara dateng Bapak Sahid. Bilih pangkat, kedudukan, rizki punika karunia, amanah saking Allah ingkang dipun suwun tanggel jawabipun mangke.

Tugas lankewajiban Bapak Sahid punika jelas-jelas langkung awrat.
Monggo kita sedoyo sareng-sareng ndonga’aken mugi-mugi jabatan inggal punika Bapak Sahid saged nindaaken nyambet damel ingkang sae, tetep istiqomah anggenipun ngibadah dateng gusti Allah lan langsungkathah syukuripun kanti nikmat ingkang dipun paringaken Allah swt.

Bapak lan ibu poro rawung ingkang kawulo hormati, cekap semanten atur kulo bilih kathah klenta-klentunipun, kathah kalepatanipun kulo nyuwun sih agunging pangaksami.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Contoh PIdato Bahasa Jawa Pengangkatan pangkat dalam Pekerjaan"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!