PIDATO MENGETI MAULID NABI MUHAMMAD SAW

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Bapak-bapak, lbu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin saha muslimat ingkang kinurmatan.
Saderengipun mangga kita sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Allah SWT dene kita taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, saha kula panjenengan sadaya sami taksih pinaringan kasugengan karaharjan, saged makempal wonten ing masjid Al-Ikhlas mriki.

Ing dinten punika tanggal 12 Rablul awal tahun 1431 utawi tanggal 26 wulan Februari tahun 2010 masehi, kita saged makempal wonten ingkang saperlu mengeti dinten maulid nabi junjungan kita inggih punika kanjeng nabi Muhammad saw.

http://cryzzahwa87.blogspot.com/search/label/Contoh Pidato

Kula minangka katua panitia penyelenggara pengetan maulid Nabi Muhammad saw. ing masjid Al-Ikhlas mriki, ngaturaken gunging panuwun dumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng nabi Muhammad saw ing panggenan mriki. Minangka pratandha sampun mantep lan raos sadar dumateng agami Islam minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing ngalam donya dumugi akhirat.

Wondene inti saking pengetan punika badhe dipun, wedaraken Bapak Kyai H. Nasrudin, S.Ag saking Kebumen.

Kula kinten atur pambuka pengetan dinten maulid nabi ing dalu punika kula cekapi semanten kemawon. Selajengipun, mangga sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kita wiwiti "Bismillahir rahinanir rahim".

Cekap semanten atur kula, akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "PIDATO MENGETI MAULID NABI MUHAMMAD SAW"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!