Tuladha Atur Pamitan Upacara Pasrah Lamaran

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun para pepunden, para sesepuh lan para pinisepuh, iingkang pantes pinundhi saha kinabaktan, punapa panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.


Sumangga panjenengan sedaya kula ndherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngersani Gusti Allah ingkang maha kuwaos, ingkang sampun paring rahmat hidayah lan kawilujengan pramila ing sonten punika saged mekempal sesarangan saperlu paring berkah pangestu.

Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan madyaning pawiwahan punika panjenenganipun Bapak Sungkana Marta Dipura sekalian lumanten kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos panuwun ingkang tenpa pepindhan, kasuwun tensah lelenggahan kanthi nardi kaning penggalih.

http://cryzzahwa87.blogspot.com/search/label/Contoh Pidato
Semanten ugi anggen panjenengan pasrah putra calon temanten kakung katampi kanthi sukarenaning peggalih suka bingahing manah saking panjenengan, raka mas Sukana Marta Diputra Sarimbit, menawi kenging kawadhar ing akarhah, saha kepareng rinumpaka ing ukara, kadi kajugrugan mukir sari, kabubegan samodra madu.

Dhumateng panjenenganipun Bapak Bambang Purwanta dalah pangaraking putra calon temanten kakung, sesampunipun mangke putra calon temanten kepanggihaken, sesampunipun mangke putra calon temanten kepanggihaken, kula suwun pinarak kanthi mardikaning penggalih, ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan punika, saperlu paring berkah pangestu dhumateng tementen sarimbit.

Minangka pupating atur, hambok bilih anggen kula matur wonten tutur ingkang kalantur-lantur miwah kiranging mboten hanuju prana, kula tansah tunuturing sih samodra pangaksama.

Akhirul salam, Bilahi taufk wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Tuladha Atur Pamitan Upacara Pasrah Lamaran"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!