PEMBERANGKATAN JENAZAH (Pidato Bahasa Jawa)


السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَ كُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلاً. والصّلاة والسّلام على سيدنا محمد أَحْسَنِ الْخَلْقِ قَوْ لاً وَفِعْلاً. وعلى اله واصحا به مَادَ مَتِ الشَمْسُ وَالْقَمَرُ طَلَعَتْ نَهَارًا وَلَيْلاَ. أَمَّا بعد. فقال الله تعالى فى القران الكريم. إِذَا جَآءَ أَجَلُهُمْ لاَ يَسْتَاءْ خِرُوْنَ سَا عَةً وَلاَ يَسْتَقْدِمُوْنَ إِنا لله و إنا إليه راجعون.
Poro Rawuh, Hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !
Ing mriki kulo atas nami wakilipun Bapak H. Umar sekeluargi, ingkang ing dinten meniko nampih musibah sangking ngarsanipun Alloh, inggih puniko sedanipun ……. (SI Fulan).
Sepindah kulo muji syukru Alhamdulillah, shoho ngaturaken matur nuwun atas kerawuhan panjenengan sedoyo, ingkang sami keroyo-royo kerso ta’ziah utawi bela sungkowo, lan hormat atas jenazahipun si Fulan meniko. Ing mriki kulo nyuwun agunging pangapunten dateng panjenengan sedoyo, amergi kulo mboten saget nyaosi papan pinaraan ingkang sekeco, shoho hidangan ingkang ngremenaken manah panjenengan sedoyo. Kejawi saking meniko kulo boten saget bales menopo-nopo atas bantuan panjenengan sedoyo ingkang arupi tenaga lan fikiran shoho sanesipun. Lan ing mriki, kulo, namung saget ndongaaken mugi-mugi sedoyo amal sholeh panjenengan kolowahu dipun trami dening Alloh SWT. Lan dipun bales ingkang sak katah-katahipun.http://cryzzahwa87.blogspot.com/search/label/Contoh Pidato
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sampun sakmesthinipun sangking keluarga Bapak H. Umar lan poro kerabat, shoho kulo panjenengan sedoyo meniko sami susah lan getun, atas sedanipun si Fulan meniko. Ananging kados pundhi maleh pancen sampun dados taqdiripun Alloh ingkang boten saget kito gadali lan boten saget dipun unduraken malih. Inggih boten sanes monggo kito ikhlasaken mawon, lan dipun paringi jembar kuburipun, shoho dipun ngapunetn dosa-dosanipun lan dipun tampio amal-amalipun ingkang sahe sehingga sagedo angsal rahmat sangking ngarsanipun Allah SWT. Lan mugi-mugi kito sedoyo ingkang dipun tilar sagedo nerusaken perjuanganipun lan nyampurnakaken amal kesahenanipun soho usahanipun ingkang kapundut. Amin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Sa’derengipun jenazah dipun berangkataken, ten mriki kulo aturaken dateng panjenengan sedoyo bilih sak sumerep kulo si Fulan meniki termasuk golongan tiang ingkang sahe. Baik segi ibadah dateng Alloh, ugi sesrawungan dateng tanggo, utawi dateng tiyang sanes. Tapi ing mriki perlu kulo saksekaken dateng panjenengan sedoyo, bilih jenazahipun si Fulan puniko sahe nopo sahe ? 3x. Alhamdulillah.
أَنْتُمْ شَهَدَأُ عَلَى اْلاَرْضِ
Poro Rawuh nggih si Fulan meniko anggadahi “haqqul Adam”, utawi utang piutang, soho sanesipun dateng panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan ihlasaken. Dene menawi amrat menawi dipun ikhlasaken, kulo suwun supados langsung mawon hubungan kalih pihak keluarga utawi ahli warisipun. Lain malih sebagai meningso tentu kemawon sekedi utawi katah, si Fulan meniko gadah kalepatan dateng tiang sanes. Pramilo saking meniko, ing mriki kulo aturaken sedoyo kalepatan si Fulan meniko, saking segi nopokemawon, panjenengan kersoho paring pangapunten.
Kintinipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten. Monggo jenazah sareng-sareng kito berangkataken, kanti mahos Sholawat (kalimat Toyibah).
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "PEMBERANGKATAN JENAZAH (Pidato Bahasa Jawa)"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!