Contoh Pidato Bahasa Jawa MENGETI MAULID NABI MUHAMMAD SAW

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak, Ibu guru saha siswa-siswi SMP 3 Gombong.
Saderengipun mangga kita sesarengan ngaturaken pudja puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Allah swt, dene kita taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, saha kula panjenengan sadaya sami taksih pinaringan kasugengan karaharjan, saged makempal wonten in SMPN 3 Gombong mriki.

Ing dinten punika tanggal 12 Rabiul awal tahun 1431 H utawi tanggal 1 wulan Maret tahun 2010 Masehi. Kita saged makempal wonten ing SMPN 3 Gombong mriki, ingkang seperlu mengeti dinten Maulid Nabi junjungan kita inggih punika kanjeng Nabi Muhammad saw.

http://cryzzahwa87.blogspot.com/search/label/Contoh Pidato

Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Muhammad saw ing SMPN 3 Gombong mriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng Nabi Muhammad saw ing panggenan mriki. Minangka pratandha sampun mantep lan raos sadara dhumateng agami islalm minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing ngalam donya dumugi akhirat.

Wondene inti saking pengetan punika badhe dipun wedaraken Bapak Ustad Ahmad Mujai saking SMP N 3 Gombong.

Kula kinten atur pembuka pengetan dinten maulid nabi ing dalu punika kula cekapi semanten kemawon. Selajengipun, mangga sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kita wiwiti “bismillahi rahmani rrohim”.

Cekap semanten atur kula, akhiru kalam billahi taufiq walhidayah
Wassalamu’laikum Wr. Wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Contoh Pidato Bahasa Jawa MENGETI MAULID NABI MUHAMMAD SAW"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!