Contoh Pidato Bahasa Jawa Berantas KKN (Korupsi Koluni dan Nepotisme)

Assalamu’alaikum wr. wb.

Wonten ngarsanipun Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan
Wonten ngarsanipun Bapak kasi kurikulum ingkang kulo hormati
Wonten ngarsanipun bapak/ibu gguru maple utawi offiisal ingkang satuhu kinabakten

Lan konco-konco ingkang kula tresnani

Saderengipun, sumangga sesarengan kita ngonjukaken puja-puji pujiastuti ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, deneng kalenggahan punika, kita sedaya taksih pinaringan Rahmat saha Hidayahipun, katitik kula saha panjenengan sedaya taksih saged makempal wonten ing pagan ngrilci, kanthi widodo nir sambikala. Sholawat saha salam mugya katetepaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita ajeng¬ajeng syafa'atipun benjang ing dinten qiyamat.

Para rawuh ingkang satuhu minulya.

http://cryzzahwa87.blogspot.com/search/label/Contoh Pidato

Negari kita Indonesia mardika sampun 64 tahun laminipun. Negari ingkang kondhang wiyaripun, ugi kekayaan alamipun. Nanging kenging punapa saengga sepriki taksih kathah rakyat Indonesia ingkang gesangipun sarwa kekirangan?

Punka jalaran Baking polah saperangan tiyang ingkang kagungan kalenggahan wonten ing Pemerintahan ingkang tumindak mboten leres, inggih punika nindakaken korupsi, ingkang sanget ngrugekaken negari. Mboten kirang-kirang para mahasiswa, pelajar, LSM, Ian sanesipun ingkang nindakaken demonstrasi anti korupsi punika. Nanging saengga sepriki korupsi taksih ndadra, katitik kabar saben dintenipun wonten ing media elektronik punapa dene media cetak.

Alhamdulillah, Pemerintah sampun nggatosaken, malah sampun mbrastha para pejabat ingkang nindakaken korupsi punika, malah sampun kathah ingkang sampun kenging paukuman saha dipun kunjara.

Para lenggah ingkang bagya mulya.

Magi-magi para pelaku korupsi enggal emut bilih menapa katindakaken punika, awisampun agami ugi negari. Dhumateng para mahasiswa, pelajar, LSM Ian sanesipun sampun ngantos kendhat anggenipun ngawontenaken gerakan anti korupsi, ngantos korupsi ing negari kita saged kabrastha, saengga kita anggadhahi "Pemerintahan yang bersih dan berwibawa". Dhumateng Pemerintah ugi kula suwun sampun ngantos kendhat anggenipun gumrugut, mbrastha KKN, ingkang dados penyakitipun masyarakat.

Wasana mangga sarni apepuji donga dinango sasampunipun pepisahan samangke, kula tuwin panjenengan sedaya tansah pinanggih karahayon saha pikantuk Rahmating Gusti. Amiin, Amiin Ya Rabbal'alarru'n.

Cekap sementen atur kula uibok bilih kathah cewet kuciwaning atur, tuwin kirang tata trapsila mawantu-wantu kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Contoh Pidato Bahasa Jawa Berantas KKN (Korupsi Koluni dan Nepotisme)"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!