PIDATO BAHASA JAWA TEMA ULANG TAHUN RI


PIDATO BAHASA JAWA TEMA ULANG TAHUN RI

Assalamu'alaikum Wr.Wb.http://cryzzahwa87.blogspot.com/search/label/Contoh Pidato

Dhumateng para sesepuh ingkang kula hormati. Bapak-bapak sarwa ibu-ibu ugi nem-neman ingkang kula hormati. Kula aturaken sembah nuwun dhumateng Gusti Allah ingkang maringaken kamulyan kamangka kita saged kumpul sami-sami ing papan mriki.

Ing saben tanggal 17 Agustus kita mboten kesupen dene dinten proklamasi. Kawula muds temtu tansah kelingan ing wiwit rumiyin, bangsa kita dijajah bangsa asing saumpaman Bangsa Walanda. Walanda ngidak-idak bumf Indonesia kirang luwih tiga setengah abad suwene. Rakyat kang sengsara lahir batas. Anggeni-pun nglawan taksih sipatipun mbelani tlatahipun piyambak-piyambak. Tentu kemawon tansah kawon amargi mboten manunggal kaliyan tlatah sane sing salebeting Negara Indonesia. Sesampunipun ngadakaken Dinten Sumpah Pemuda tanggal 28 Oktober tahun 1928, bangsa kita netepi janji kang manunggal. Walanda langkung suave langkung kawon, bangsa kita dipun idak-idak bangsa Jepang. Rakyat sengsara. Tiga setengah tahun Indonesia dipun jajah Jepang. Para nem-neman pribumi ingkang gadah ilmu utawi sekolah manunggaling karep anggenipun ngusahaken dinten kamardikan. Pejuang Indonesia mireng saking radio bilih Jepang kawon saking sekutu. Kutha Nagasaki Ian Hirosima dipun bom. Ing tanggal 16 Agustus wonten kadaideyan Rengas dengklok Ir. Soekarno bilih Drs. Moh. Hatta dipunamanaken. Tanggal 17 dalunipun damel teks teng griyanipun Laksamana Maeda. Tanggal 17 Agustus jam 10.00 WIB mulai Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia.

Informasi lainnya :


Pramila kita supados manunggaling karep mbagun bangsa. Para nem-neman sinau ingkang mempeng mugs sedyanipun kelak.
Cekap semanten rumiyin kula anggenipun ngrayaaken dinten Proklamasi iki. Menawi wonten lepat sakwetaci kula nyuwun ngapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Download Pidatonya disini

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "PIDATO BAHASA JAWA TEMA ULANG TAHUN RI"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!