Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Ketua Karang Taruna




Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bismillahirahmanirahim, alhamdulillahirabbil’alamin, wabihinasta’ani ‘alaumuriddunya waddin, washalatuwassalamu’ala asyrafil anbiyaiwalmursalin wa’ala alihi washahbihi ajma’in, amma ba’du.

Bapak camat Buluspesantren ingkang sinudarsana
Ingkang kinurmatan Ibu Lurah Desa ………………

Mboten kesupen Para rawuh ingkang tansah kawula kurmati
           
Wonten purwakaning atur, mangga kita sareng-sareng ngaturaken syukur wonten ngarsa dalam Allah SWT. Dene panjeneganipun sampun maringi kita kenikmatan lan kasarasan, pramila kula lan panjenengan sami saged rawuh wonten adicara punika.
Shalawat tuwin salam kita unjukaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhmmad SAW. Mugiya kita pikantuk syafa’atipun biddunya hadal akhirat.
http://cryzzahwa87.blogspot.com/2013/02/contoh-pidato-bahasa-jawa-sambutan.html
http://cryzzahwa87.blogspot.comKula, minangka Ketua Karang Taruna Desa ………………, ngaturake sugeng rawuh lan agunging panuwun dhumateng para Hadirin ingkang sampun purun mbucal wekdal lan ngenthengake salira saperlu rawuh wonten papan palungguhan ngriki kangge mangeti Adicara Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW.
Kula uga ngaturake panuwun dhumateng ketua panitia ingkang sampun ngoordinasi anggota panitia pramila adicara punika saged kathindaake kanthi sae. Perlu kawuningan bilih ingkang dados anggota panitia wonten adicara punika inggih punika pemudha-penudhi anggota Karang Taruna Desa …………..
Pramila, kula uga matur panuwun dhumateng panitia wonten adicara punika ingkang sampun nindhaake tanggung jawabipun kanthi sae. Pramila adicara Peringatan Maulid Nabi Muhammad punika saged katindhaake kanthi sae.
Hadrotal mukaromin rahimakumullah
Kadosta kula matur wau, ingkang dados anggota panitia wonten adicara punika inggih punika pemudha-pemudhi anggota Karang Taruna Desa ………………. Pramila, kula minangka Ketua Karang Taruna rumaos bangga. Bangga amargi nduweni rencang-rencang ingkang sampun saged ngurusi adicara kados punika lan taksih peduli hari-hari agung wonten agama kita.

Sampun dados program karang taruna, punawa anggotanipun dipun dhadosake panitia wonten pinten-pinten adicara wonten ing Desa ………………. Dene ancasipun program kasebat inggih punika kangge nglatih supados para mudha Desa ……………… mandiri lan saged nggantosi peran sarta nerasaken pakaryan tiyang sepuh. Dene tiyang sepuh kedah dipun gantosi dening generasi mudha. Pramila, kula uga ajeng matur dhumateng para pemudha utawa pemudhi ingkang gadhah keahlian utawa kerajinan, supadhos nilarake keahlian utawa kerajinanipun dhumateng  rencang-rencangipun. Pramila, sedaya anggota karang taruna gadhah keahlian utawa kerajinan. Kanthi keahlian utawa kerajinan punika, para mudha sedaya saged pikantuk untung, utawa paling boten saged ngisi wekdal kosong kita kanthi kawiyatan ingkang positif.
 http://cryzzahwa87.blogspot.com/2013/02/contoh-pidato-bahasa-jawa-sambutan.html
Para rawuh ingkang tansah kawula kurmati,
Wonten sasi Mulud punika, Karang Taruna Desa ……………… badhe nindhaake sawiji program keagamaan inggih punika “Pemudha Mesjid”. Para mudha anggota karang taruna diaturi rawuh wonten mesjid-mesjid, utawa langgar-langgar ing Desa ………………. Ananging adicaranipun inggih punika maos kitab Al Barzanzi. Kanthi adicara punika para pemudha lan pemudhi saged tuwuh rasa tresna dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kula minangka generasi mudha kuwatir dhumateng iman lan akhlak generasi mudha dinten saniki. Umumipun wonten Indhonesia, wonten Negara kita, kathah sanget kasus-kasus remaja . Pramila kanthi program–program keagamaan kadosta program kasebat, generasi mudha Desa ……………… sageddipunarep-arep

Muslimin lan muslimat rahimakumullah
Kanthi program-program Karang Taruna ingkang kawula sebat wau, para mudha Karang Taruna kedah saged mundhut hikmahipun. Pemudha-pemudhi Desa ……………… saged mandiri, saged nerasake pakaryaning tiyang sepuh, saged nggantosi perjuanganipun tiyang sepuh kanggo majukake Desa ………………. Lan boten ketingalan, para mudha saged dados manungsa ingkang taqwa dhumateng Gustinipun. Pramila, wonten pungkasane, pemudha-pemudhi kita saged mbumbung dhuwur nami ……………… tuwin ndadosake Desa ……………… maju lan sejahtera.

Para rawuh, kakung miwah estri,
Cekap semanten atur kawula, mbok bilih wonten kata-kata ingkang boten trep kaliyan manahipun panjenengan, utawa kurang subasita, saestu-estu kula nyuwun pangapunten.
Iwak sepat kecemplung segara. Sedaya lepat mugiya dingapura. 
Akhiril kalam, wabillahitaufiq wal hidayah,
 http://cryzzahwa87.blogspot.com/2013/02/contoh-pidato-bahasa-jawa-sambutan.html

Wassalamu’alaikum Warahmatullahiwabarakatuh

Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Ketua Panitia, Sambutan Ketua Karang Taruna, Contoh Pidato Sambutan Maulid Nabi Muhammad SAW, sesorah bahasa jawa, sesorah maulid nabi, tuladha sesorah bahasa jawa, tuladha sesorah bahasa jawa maulid nabi muhammad saw

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Ketua Karang Taruna"

Post a Comment

Komentari dengan meninggalkan LINK akan dihapus!